Kamis, 09 Oktober 2014
Cerita Wayang Patih Suwanda
Patih Suwanda iku patih ing Nagara Maespati. Cilikane aran Raden Sumantri, ndherek ramane Bagawan Suwandagni. Sang Begawan dhedhepok ing gunung. Bareng wes gedhe Raden Sumantri didhawuhi ramane suwita utawa ngenger marang ratu ing Maespati kang asmane Prabu Harjuna Sasrabau. Nalika kuwi sang Parbu durung kagungan patih. Sakbenere, Raden Sumantri isih kaprenah rayi nakdhereke sang Prabu. Sang Begawan Suwandagni wanti-wanti yen Raden Sumantri aja pisan-pisan matur yen isih rayi nakdhereke. Pasuwitane Raden Sumantri katampa, nanging kudu didadar, ditodhi, diuji utawa dites luwih dhisik.
Nalika semana, Maespati kalurugan wadya bala saka Nagara Manggada. Prabu Sasrabau dawuh marang Raden Sumantri yen dheweke bisa nelukake Manggada, bakal ditampa suwitane utawa olehe arep magang. Raden Sumantri banjur nyaguhi. Kanthi ngetog kadigdayan, kapinteran, lan katrampilan, Raden Sumantri unggul ing jurit utawa menang perang. Ing jaman semana, sapa bae kang menang perang oleh boyongan putri. Raden Sumantri mboyong utawa ngasta putri saka Manggada kang cacahe utawa gunggunge sadhomas.
Dhasare Raden Sumantri satriya tama, Putri samono cacahe kabeh diaturake marang Prabu Sasrabau. Babar pisan ora duwe melik utawa pamrih sathithik-sathithika.
Lelabuhan utawa jasane Raden Sumantri cetha wela-wela. Dheweke dhuwe watak satriya kang utama yaiku rame ing gawe, sepi ing pamrih. Mula suwitane ditampa, malah sinengakake ing aluhur winisuda dadi patih.
Patih Suwanda gugur mbelani ratu gustine, nalika perang tandhing adu kasekten karo Rahwana. Amarga Rahwana utawa Dasamuka nganggu arep ngrebut prameswarine Prabu Sasrabau.
Kabesut saka : LKS Gayatri lan Pelajaran Bahasa Jawa ( dengan pengubahan seperlunya )
Katrangan :
- ngenger : mengabdi
- nyaguhi : menyanggupi
- nelukake : menaklukkan / mengalahkan
- rayi : saudara / ikatan darah
- dawuh : berkata
- ngetog : mengeluarkan
- sadhomas : delapan ratus
- cetha wela-wela : sangat jelas
- winisuda : diangkat
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar